Nang tlatah Jawa umume, khususe nang wilayah Banyumasan
akeh dolanan-dolanan tradisional sing biasa disenengi bocah-bocah.
Dolanan-dolanan kuwe biasane kanggo ngisi wektu ngaso sekolah utawa
preian, ana sing didolana wektu sore, bengi,
nang omah, nang pelataran utawa lapangan. Jaman siki sebagian
jenis-jenis dolanan kuwe wis arang didolana, malah akeh bocah-bocah sing
wis ora paham khususe sing biasa didolana wektu bengi pas wulan
purnama. Perangkat dolanan elektronik sing modern kaya gameboard, play
station karo liya-liyane termasuk juga acara-acara televisi siki dadi
pilihan hiburan bocah-bocah.
